Rabu, 04 November 2015

contoh pidato dalam bahasa jawa

BERIH DESA
Assalamualaikum wr.wb.

Pinujia Asmaning Gusti Allah , rahayua ingkang sami pinanggih. Amargi rahmating gusti , kita sedaya saged makempal wonten mriki tanpa satunggalipun alangan.

Nuwun panjenengan para Bapak/ibu serta para lenggah ingkang kula urmati. Perlu kawuningan bilih “Bersih desa” boten sami kaliyan “Kerja Bakti”,ingkang asring katindhakan kanthi reresik utawi ngresiki margi-margi,kalen-kalen, kuburan, lan sapanunggalipun. Bersih desa nggadhahi pangertosan pesta desa utawi perayaan desa.

            Lumrahipun Bersih desa menika katindakan bibar panen pantun.Tiyaang sadesa sesarengan gadhah dhamel, sami bingah-bingah. Mila sedaya , mboten pilih-pilih wajib ndherek udhu wragad lan ndherek kegiatan sanesipun.

            Syukuran dipunlambari mbangun manah resik lan niyat e
nggal, dhahar kembul ngraketaken pasedherekan , saha nyuwun ing ngarsaning Pangeran kersaa ngluberaken berkah malih,kabingahan panen sageda cekap ngantos panen chandakipun kalis saking pancabaya , reribed , serta winengkua kawilujengan. Kadhangkala bersih desa dipunregengeken srana nanggap ringgit wacucal utawi tetingalen sanesipun.

            Kanthi mekaten, tetela bilih bersih desa menika saged kangge ngipuk-ipuk kesatuan lan persatuan. Langkung-langkung dinten riyadi utawa dinten pesta tumprap kadang tani ingkang dipundhasari raos keagamaan.

            Para rawuh ingkang minulya,mekaten ingkang saged kula aturaken , mugi-mugi wonten paedahipun ,mbok bilih wonten kirang trapsila,saha galap gangsuling atur pramila nyuwungunging sih samodra pangaksami. Dene awit saking paringipun kawigatosan , kula ngaturaken agenging panuwun.


Nuwun


Wassalamualaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar